Kamis, 26 Agustus 2010

entah kemana

GANTINE KOE

Enyong ngadeg nang pinggir dalan nang ngarepe toko-tokone wong cine sing nang larikan dalan jendral sudirman, nangkana enyong ketemu karo bocah wadon, nyong kesengsem.

Kanggo ngemotake : bocah wadon kue arane diah, diah kancane nyong nang SD mbiyen , nyong kading mbiyen pancen wis seneng karo diah.

Sore nang pemalang. Ujug-ujug nyong kemotan terus karo diah, diah sing mbiyen bocahe menengan men saiki dadi royal alias pecicilan. Enyong beh heran men, diah kue ngingetna nyong maring bintang film sing nyong senengi : marshanda.

“diah, koe kading endi ?” takonane nyong.

Diahe mesem.

“aku kading alun-alun !” jare diah.

Diah pancen mbengi kue katon ayu nemen, diah nganggo celana pensil sing ngisorane cilik men. Celana pensil miki katon serasi karo klambine sing warna biru keenom-enoman. Ngisorane celana mau tertutup karo selop model saiki selempangan-kulit ireng karo hiasan manik-manik. Kuku-kuku tangane dipitex abang. Bocah kie marani nyong karo nuntun pitte.

“primen kabare ?” takon ku.

Diah bingung pan njawab apa.

Diah mesem maning. Diah munikna krintingan pitte sing wis katon nieng nang pinggir-pinggirane. Kuku-kukune sing dipitex abang mau murub kena sinar lampu kading lampu Philips 25watt sing kepasang nang ngarep toko basa, lampu kue katon padang men.

“kabare buruk yo !” jare diah.

“sekejap nyong ndredeg,” langsung tak takoni maning, “bisene buruk ?”.

Wis kading mbiyen diah tekenal akeh masalah, leh mesti masalahe tentang pacare aning ora ye tentang adine sing nakale ora karuan, mbiyen beh pas nyong isih njagong nang bangku sing perek karo comberan, pernah nyong didorong anjug njeblung maring got, pokoke nakale ora karuan lha.

“Koe ana masalah apa yah ?” takonne nyong sing wis pan nebak-nebak jawabanne.

“masalah cowo yo !” jelas diah.
Batinku, ya bener mesti aning ora masalah cowo ye masalah tentang adine.


“koe diputus karo pacare ye ?” takonne aku.

“iye yo !” jelas diah.

“aku ngerti, koe atine mesti lara men kan, aku ye juga pernah ngrasakna.” Ujuk-ujuk nyong kelingan masa mbiyen nyong karo diah, sing mbiyen pernah mutusna nyong tanpa sebab.

Diah, diah kue mbiyen pernah jadian karo aku, tapi ye mbeke rong wulen diah langsung mutusna aku, jarene cuman pingin kancanan bae karo aku. Pertama-tama aku sakt men atine, tapi mbuhlah saiki wis ora tak pikiri maning, wis dadi masa lalune aku.

“ndi pacare koe ?” takonne aku maring diah pas ndeleng diah nangis. Diah nangis karo nyekeli pit phoenix sing ket mau dituntun, pit kie mbiyen ye pernah dinggo pacaran nyong karo diah, malahan pit kie bise didomong saksi cintane aku karo diah.

“atine aku lara men yo !” jelas diah.

“sabar yah.” Aku ngulangi maning “sabar yah.”

“fani memang ganteng, tapi kelakuane kue kaya iblis men.”

“iblis keprimen yah ?”

Aku kemotan pas awal mbiyen diah ngomong wis jadian maning karo fani. Fani, aku, karo diah pancen SDne bareng. Ket mbiyen aku pancen seneng karo diah tapi sayange diah cuman seneng karo fani. Ye wis ben lah pancen perasaan cinta kue ora bise dipaksakna.

“pokoke aku saiki sengit men yo karo fani !” jelas diah.
“wis lah yo, ora usah mbahas kue maning.” Lanjut diah.

“terserah koe lha.” Lanjut aku “ tak terbalek bae nju, gelem pora ?”
Akhire diah tak diter balek anjuk omahe.

Umahe diah nang mulyoharjo tepate payaman pereklah karo umahe aku, umahe aku kan nang cokrah, ye tapi kue mbiyen saiki kah aku wis pindah nang bandelan.

Diah tak boncengna karo nangis nang punggunge aku, pas wis teka nang umahe diah, kire-kire ye pas kue jam setengah walunan. Diah ngucapna makasih karo aku.
Aku sing wis ora penak karo wong tuane diah, akhire aku pamit balek ndikit.

Aku baleke mlaku kading payaman maring cokrah, nang dalan aku kemotan terus karo diah, aku mikir apa mungkin aku jatuh cinta maning karo diah.

Lanjut, pas kading bengi mau, diah wis langka kabare maning. Aku bingung, akhire tak putusna aku sms diah, diah balezi smse aku kadang diah baleze aning wis telung menit kadang ye cepet men baleze. Nang kono kue sing paling nyengitna, masa aku kudu ngenteni balesane diah terus.


***

Sebungkus rindu ngrasuk nang atine aku. Rindu sing nyakitna atine aku terus, sebungkus rindu sing ora pernah ketemu tepian rindune, kalau toh rindune aku menepi, palingan hanya menepi maring kanca-kancane aku. Kanca sing selalu siap sedia nrima curhatte aku, kanca sing apikan men karo aku, namane Latifah.

Seumur-umur aku mbeke pernah curhat karo bocah wadon ye kue karo Latifah, awale aku kenal latifah beh ora sengaja, awale kue aku entuk nomer kading kancane aku, kancane aku ora ngomong kue nomere sapa, akhire aku penasaran.
Ye wis lha, akhire aku smsan terus karo bocah kue, Eeh.. selot suwe-selot suwe aku nyambung, ye wis akhire aku dadi perek menlah karo latifah.

Saiki selain aku sayang karo diah aku juga sayang men karo latifah, tapi tetep aku cuman nganggap latifah sebagai kancane aku, walaupun aku sayang men karo latifah.

Bocah loro kue, latifah karo diah pan selamane tak sayangi, aku ora peduli maning, walaupun aku ora bise miliki diah, aku toh tetep isih ndue latifah sing siap 24 jam kanggo dadi kancane aku.

Dunia kie memang aneh, kenyataan sing sebenere nyakitna gara-gara ora bise milik sesuatu sing kita sayangi, Eeh.. tapi malah tetep bise seneng, seneng karena ana penggantine wong sing kita sayangi yaiku wong sing slalu siap nrima critane kita, curhate kita, karo tangisane kita…..

Kuelah gunane sahabat sejati…
Sahabat sing ana pas ora lagi seneng tok, tapi ye juge pas lagi sedih…
Sahabat sejati apan ana nang pereke dewek kanggo nguatna atine dewek..
Kapanpun karo dimana pun…


Pemalang, November 2009

joyo

0 komentar:

Template by : kendhin x-template.blogspot.com